Wanita Jawa ing Bebrayan, Ular-Ular Kanthi Wawasan ~ MEDIAEDUKASIANDA

Wanita Jawa ing Bebrayan, Ular-Ular Kanthi Wawasan


#WANITA_JAWA

Wanita Jawa puniku saking tembung #jarwadhosok = Wani ing tata.
Tegesipun kedah wantun dipunatur. Punika wanita Jawa ing jaman kawuri, menawi ing jaman samangke ing bebrayan wanita kedah saged nata bale-semah.
Tembung wanita  dasanamanipun ugi kasebat wadon, putri, pawestri, wanodya, lan juwita.

Tembung:

#wadon tegesipun kedah saged njagi wewadinipun bebrayan.

#Putri tegesipun kedah saged memetri bale-semah.

#Pawestri kedah saged ngreksa babahan.

#Wanodya tegesipun wani dadya tuladha.

#Juwita tegesipun dadiya  sarjuning ati(manah)

Sasaged-saged wanita kedah saged mangejawantahaken konsep "Ma-telu"
1.Masak.
2.Macak(dandan/rias)
3.Manak (nglairaken keturunan)

Ing jaman rumiyin, jejeripun wanita Jawa tansah dipunkendhaleni gegebengan agesang inggih punika : 
#Rila, #Nrima, lan #Sabar.

#Rila, tegesipun ikhlas masrahaken pejah-gesang dhateng keng garwa(kakung).
Boten grundelan, nggresula, lan nutuh.
Katresnanipun wetah kangge guru-lakinipun.
Rila menawi kataman susah (sengsara) jiwa- raganipun dipunsorohaken dhumateng pepujanipun.

Gegebengan gesang #Nrima, tegesipun rumaos marem tumrapipun jejibahan tuwin nasibipun minangka kanca wingking. Kinanthen sadhar lan emut dhateng kodratipun.
Nrima lan kersa ngampingi keng kakung. Sandhang pangagemipun sarta tetedhan kemawon manut paringanipun saking keng kakung 

#Sabar, Wanita Jawa ing jaman rumiyin tansah ngatos-atos saparipolah, solah-bawa, pocapan lan tumindakipun amrih keng kakungipun lega.
Sabar menawi nampi pacoban, ingkang baken kakungipun boten rengu lan duka.

❤Saeba begja lan bingah raosing manah keng kakung menawi pikantuk wanita ingkang kados kula sebataken ing nginggil.❤

Salam Segerwaras, Jagi waras jiwa raga, ampun kesupen Ati Seneng lan Ati Remen.
Share:

0 komentar:

Post a Comment

Terbaru

Bupati Blora Minta Pemprov Jateng Tuntaskan Jalan Provinsi di Blora

BLORA – Disela-sela (Musrenbang) Rencana Kerja Pemerintah Daerah (RKPD) Kabupaten Blora Tahun 2025, Kamis (28/3 /24, Bupati Blor...

Total Pageviews

Popular Posts

Blog Archive

Komunitas

SELANJUTNYA »