Wejangan Eyang Kaki Sewu, Mring Puthu Kinasih ~ MEDIAEDUKASIANDA

Wejangan Eyang Kaki Sewu, Mring Puthu Kinasih


Wejangan Eyang Kaki Sewu, Mring Puthu Kinasih

Ngger...
Sejatine, siro iki urip kang diarani Jumeneng Manungso tinitah ing Alam Padhang (Jagad Raya). Kudu sumurup artining PATRAP TRAPING SUSILO, ateges, Toto Kromo, Toto, Titi, Titis, Nastiti, Ngati-ati, Duga-Prayogo, Temen, Sabar, Tawekal, Nerimo, Tatag, Ikhlas, Sumeleh, Hening, Heneng, Awas Heneng lan Eling serto Waspodho.

Hananing PAMBUDI margo soko DUMADI, Banjur biso muncul unen-unen sing diarani ”ELMU lan NGELMU” dumunung ono ing PONCO DRIYO. Ponco Driyo iki kang biso ngukir SEKABEHING Kabudayan.

Ngger...
Mangertenono, sejatining kang aran AGOMO iku lamun BUSONO, AGEMAN yo kang aran KUNCI SEJATI. Mulo ing kene, mungguh ananing dumadi banjur hanane PANGERAN SANYOTO. Banjur ono tembung kang aran, A, I, U, ategese, AKU, IKI, URIP. 
Ananing URIP ono sing NGURIPI. Ananing AKU (Kawulo) sebab ananing GUSTI, yen yo ora GUSTI wis mesti ora ono Kawulo. Sawise mengko banjur kawijil ”ROSO-PANGROSO, biso MUNO lan MUNI, terus kabeh mau diatur dening PONCO DRIYO."

Ngger...
Ananing ELMU lan NGELMU, Sir Kawulo iku maneges marang Gusti, banjur ono WUJUD MAKNO sing diarani SIDIKORO, MANEKUNG lan SEMEDI.
Ngger, puthu kinasihku,
Sejatining Wesi pulosani den arani intine wesi, ngibaratke sifat keras lan kukuh. Wesi pulosani kang dadi intine wesi ateges sifating manungsa kang wis andueni ”greget lan adreng” marang karep. Yo ing kono kanti kasurunging gejolak jiwo, biso nuwuhake ananing daya kekuatan (dayaning raga), amrih biso kasil kang dadi panjangkane.

Ngger... Ngertenana, kang dadi pratandane garise manungsa wis andueni watak-watak :
1. Gampang lali lan nglalikake
2. Senenge sesambat lan tundone due sifat pelit
3. Ndruwolo , bodo lan dzolim
4. Podo kesusu karepe
5. Nafsu temuju marang kejahatan ,kudune nafsu kang di rahmati allah
6. Garise manungso iku awale ora ngert apa2 nalika kalairake

Ngger...
Sakabehing watak-watak iku, yen siro ora ndue greget lan ora enggal-enggal ngruwat, kanti gegodelan marang tetaline Gusti, siro ora bakal bisa mentas.

Ngger...
Den permate enggone siro kabeh mesrsudi ngilmi, upayane kanti gemet lan memeting tembe siro bakal ketekan apa kang dadi penjangkanira, soho bakal manngerteni mring jati diri niro. Ugo tansah eling marang laku jantrane, agesang kanti tansah nyuwun lindunganipun gusti kang paring gesang utowo ompang amping kaya kapuk, saka kersane Gusti.

Pepenget

Ora ono sing pantes dingo lelandesan pituduh kakajebo patokan maring kitab kitabing gusti, ing kang kang kedah di imani. Koyo kasebut ing duwur keno den pastiake pada isine, karono iku mono saka kersaneng gusti.

Mugo-mugo migunani,  kanggo ngangsu Roso

Tinulis:

Padepokan SETHONAGORO
Kali Pethuk Njurug, Ngalian, Kecandran, Sidomukti Salatiga

Puthu Kinasih
MS/TP/SAP/PP/KS
Puncak Bukit Tingkir, Bumi Hampran, Bumi Perdikan (Kamis,14 Juli 2022).
Share:

0 komentar:

Post a Comment

Terbaru

Bupati Blora Minta Pemprov Jateng Tuntaskan Jalan Provinsi di Blora

BLORA – Disela-sela (Musrenbang) Rencana Kerja Pemerintah Daerah (RKPD) Kabupaten Blora Tahun 2025, Kamis (28/3 /24, Bupati Blor...

Total Pageviews

Popular Posts

Blog Archive

Komunitas

SELANJUTNYA »