Bumi Gonjang Ganjing, Langit Kelap Kelip ~ MEDIAEDUKASIANDA

Bumi Gonjang Ganjing, Langit Kelap Kelip

BLORA - Nanging nyatane ora segampang sing dibayangke wong akeh, termasuk Pasangan Bupati lan Wakil Bupati sing kalantik Gubernur Ganjar, Jumat (26/02/2021) rong sasi kepungkur, kosok baline malah perkara - perkara kaya disuntak kabeh, siji - siji metu, durung bar olehe nangani, metu maneh perkara liyane, Jian njudegno uwong.

Gonjang ganjing bumi Blora, dimulai soko urusan angel pupuk, basan pupuk ono regane larang, merga ono inthil - inthile, wong tani Nyawiji, njerit ngamuk, neng endi - endi rapat, noto barisan nolak inthil - inthil, sing dipandhegani tokoh nom - noman seko Blora Kidul, alias Randublatung. Trus inthil - inthil bar? Durung mesthi, disusul masalah liyane, panenan pari gabah gak ono regane, ambyuk ora cucuk dadi uduk.

Ora wurung Bupati keponthal - ponthal, golek dalan pepadang, nekani Kementerian Pertanian, nanging meksa durung mari tambane, iku wes diatur teka Anggaran Pusat, ngurangi pupuk subsidi, ben negara ora bangkrut, Karo maneh datane lahan Pertanian wes dadi ciut, kamangka neng Mblora mundak, amarga alas - alas dibuka kanggo wong tani mbaon, akeh sing durung mlebu data RDKK, pie jal po gak mumet ngrasaknone Bupatimu?

"Wes genep suwidak dino, pasangan Arief Rohman - Tri Yuli Setyowati nyekel tampuk pemerintahan Kabupaten Blora, langsung digas sak pole, koyo ora ndue leren, kanggo mujudke visi misi 99 dino sing dadi program prioritase,"
Urusan Angel Pupuk

Urusan Pandemi Covid

Pancen wis dimangerteni karo Gubernur Ganjar, manowo Bupati karo Wakil Bupati sing anyar Iki, abot sanggane, ora mung perkara jabatane dowo po cendhek, merga ana rencana Pemilu Serentak tahun 2024 suk ngarep, otomatis Yen iku Sido, jabatane Bupati Arief karo Wakile Mbak Etik, mung 3,5 taun, jelas ora cucuk karo bot repote, tur maneh gak iso maksimal mbangune.

Sanggane sing kapindho, iseh ono kalabendhu, yaiku pandemi virus Corona, sing disingkat Covid 19, masiyo wis ora patio medeni koyo tahun wingi, nanging Pemerintah Pusat, isih narik duik APBD kanggo refocusing sampek 8%, lan dirasionalisaasi anggaran Kabupaten, totale sampek Rp. 100 Milyar, kanggo mbiayai program vaksinasi serentak sak Indonesia, sing vaksine kudu impor tur larang regane.

Pemerintahane Bupati Arief kliyengan maneh, kamangka butuh duik Akeh kanggo mbayar utang kampanye, dalan Alus, banyune lancar terus, nyatane gak gampang Trimo ditulis, utowo diunekno, kamangka dalan sing rusak ning Mblora meh luwih ko 75%, utowo luwih ko 900 kilometer, dalane ajiur mumur, meh kabeh dalan antar desa antar Kecamatan, roto rusak njobo njerone.

Arep Mbudidoyo Utang

Ora iso maido, kepiye bingunge Bupati Arief lan Wakile Mbak Etik, kahanan gonjang ganjinge Mblora, dalan rusak, ekonomi mampet, rakyate semrawut, urutan angka kemiskinan sak Jawa Tengah dadi nomer 29, termiskin, kamangka mbiyen sugih minyak lan kayu, Mblora paling kondang sak eks Karesidenan Pati, saiki dikepret karo kutha Kabupaten tanggane, Rembang, Grobogan, opo maneh Bojonegoro, kadohan.

Lha saiki, teko minyak CSRe ae recehan tur kon nggawe proposal, opo maneh DBHne, nol gede, sobek e maneh, alas kayu ntek dicolongi mboh wong njobo, mboh wong njero, nyatane ngger kecekel kayu, seng kenek mung sopir karo kernet, sing ndue kayu, sing njogo, karo sing tuku podo ngilang. Ngerti - ngerti sing neng njero ukuman mung sopir karo kernet, wes kasus ditutup rapet - rapet. 

Mbalik neng urusan APBD Blora sing njomplang, gak ngatasi nggo Mbangun dalan Alus, banyune lancar terus, Bupati Arief wes tau ngomong arep mbudidoyo utang, mungkin itungane ngene, nggebut mbangun dalan telung taun, nganggo duit utangan iku, ko Rp. 500 Milyar, sukur iso sampek sak Trilyun, nek dipercoyo. 

Trus mbayare pie, yo potong APBD mben taun Leh, nggo mbayar pokok lan bungane. Lha urusan Iki, yo ora gampang, nyatane rung tau dirembuk neng para Anggota Dewan, neng ketoke yo bakal disetujui, nek ndelok polahe Pimpinan Dewan, ropat rapat nemoni Lembaga Pengutang.

Urusan Ujian Perangkat

Durung mari, mbahas utang daerah, Ono gonjang ganjing maneh, urusan ujian Perangkat Desa, mulai ko sewelas Desa ning Kecamatan Jepon, gegeran wong sing gak lulus ujian Perangkat, diarani lembaga pelaksanane sing digandeng Panitia Desa, teko Rembang, dianggep ora kompeten, merga ujiane jek ndompleng neng komputer e Sekolahan, dadi dianggep rung bonafit.

Masiyo rame, Ning akhire iso dilantik kabeh, Perangkat ning 11 Desa sak Kecamatan Jepon, saiki genten sing rame, Kecamatan Kedungtuban, malah do ancam - ancaman laporan Polisi, amerga sing gak lulus ujian komputer, rumongso dibliduki, akeh Lulusan dadi Sarjana sing dianggep ogak enjoh komputer, trus ono maneh pituduh, yen Petinggi diarani dol tinuku kursi Perangkat, mulai Carik sampek Kaur, sing angkane sampek atusan yuta rupiah.

Rumongso difitnah, lan dituduh kamangka buktine dianggep gak jelas, Petinggi muring - muring, lan arep nglaporno balik, marang wargane sing wes gawe geger neng Kantor Bupati Blora. Lan mbantah yen kabeh sing dituduhno iku gak bener, ora ono sing dol tinuku kursi Perangkat mulai Carik sampek Kaur ning Desane. Urusan - urusan Iki, ora wurung nambahi mumet Bupati Arief karo Wakile Mbak Etik, merga ora kondusif, Iki jelas ngrugekno pemerintahane, mergo ora kondusif, nanging trus kepiye, wong wis kadung, sego wis dadi bubur. Bumi Gonjang Ganjing, nanging Sunare Langit mung Kelap Kelip, Katon, Goro - Goro, tancep kayon, nuwun. (Red)
Share:

0 komentar:

Post a Comment

Terbaru

Bupati Blora Minta Pemprov Jateng Tuntaskan Jalan Provinsi di Blora

BLORA – Disela-sela (Musrenbang) Rencana Kerja Pemerintah Daerah (RKPD) Kabupaten Blora Tahun 2025, Kamis (28/3 /24, Bupati Blor...

Total Pageviews

Popular Posts

Blog Archive

Komunitas

SELANJUTNYA »